Sunday, November 2, 2008

LAGU DANGDUT

LAGU DANGDUT

Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng brug.

Sentlap :”Kang, inyong arep ngomong serius karo rika.”

Sentlup :”Serius ya serius. Tapi raine aja medeni lah.”

Sentlap :”Digilmu! Wong raiku wis kaya kiye wit lair koh.”

Sentlup :”He he. Ya ngapura kang. Arep crita serius apa nggannen?”

Sentlap :”Ora dhing. Inyong mung arep takon karo rika. Rika apal judul lagu lagu dangdut?”

Sentlup :”Ngece ya. Arep njaluk pirang judul? Pengamat dangdut koh ditakoni kaya kuwe.”

Sentlap :”Uwis… Ngerti apa ora?!

Sentlup :”Ho..ho.. Sepiring berdua…(terus si Sentlup nyebut judul lagu dangdut nganti pirang pirang).

Sentlap :”Weh..weh.. ampuh rika apal pirang pirang judul. Tapi kuwe kabeh mau, lagu dangdut sing tenar wektu rika esih enom. Jajal lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Ha..ha..ha… Sing lawas be emut, apa maning sing anyar. Kiyeh…mmmm eeeeeengng…”

Sentlap :”Au au, apa koh?!

Sentlup :”Eeengng… mmmmm….. KARMILA!”

Sentlap :”Karmila? Kuwe tuli lagu pop.”

Sentlup :”Engng… mmmm… KETAHUAN!”

Sentlap :”Kuwe duweke Matta band. Matamu!

Sentlup :”Helo dangdut!

Sentlap :” Sing jaman siki koh!!

Sentlup :” Apa ya….? Padahal artis dangdut akeh koh ya? Tapi lagune apa ya??”

Sentlap :”Jere Pengamat Dangdut? Malah mung au au thok. Lha rika ngerti nek artis dangdut akeh sekang endi?

Sentlup :” Soale aku tau nonton TV. Isine, nek goyangan karo anggon anggon artis dangdut kuwe terlalu seksi, kuwe diprotes uwong kang. Banjuran, artis artis dangdut akeh sing ora trima, jere nek goyangan lan kostum kuwe ciri khas lan kebebasan berekspresi nyanyi dangdut. Angger debatesi jerene membatasi kreativitas lan kebebasan berekspresi.”

Sentlap :”Wuih.. Omonganmu kaya pengamat temenan. Lha angger artise akeh, jajal disebutna judul lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Duh jan, angel kang. Artise tah akeh, tapi lagune apa ya..???????????????????

Wednesday, October 29, 2008

MBOJO KARO BOCAH

MBOJO KARO BOCAH

Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng pos ronda.

Sentlap :” Kang, pirang dina kiye, rika nonton TV ra?

Sentlup :” Seh..seh. YA nonton ya. Duwe TV koh. Ngece apa?

Sentlap :”Ora kaya kuwe kang. Rika nonton brita sing isine ana uwong ngrabi bocah umur rolas taun?

Sentlup :”Lha iya kuwe. Jan ana ana bae ya kang, bocah umur rolas taun koh dibojo, kuwe nglanggar undang undang perlindungan anak mbok?

Sentlap :”A la la, nyong tah ora tekan karo masalah undang undang sing kaya kuwe.

Sentlup :” Ooo… wong kurang pendidikan rika.

Sentlap :”Dhasare iya. Tapi sing tek pikirna nek bocah kuwe duwe anak.

Sentlup :” Ngapa mikir, wong duwe bojo terus manak ya wajar.

Sentlap :”Kaya kiye kang. Misal, anake nangis kepengin nyusu, biyune langka. Barang degoleti, jebul biyunge lagi dolanan sempringkongan utawa dus dusan neng kali, priwe kuwe hi hi hi

Sentlup :”Iya.. ya.. Apa maning nek lagi jonjang umpet. Lewih angel gole nggoleti. Ha ha ha

Friday, May 23, 2008

Antri Bensin

Barang krungu pak mentri ngumumna rega BBM arep mundhak, inyong sante bae. Arep ora melu anti bensin. Barang inyong emut nek bensin neng motor gari semendhing, langsung gregah-gregah menyat tuku bensin. Barang tekan POM bensin terminal lawas, jebul antrian wis dawa. Inyong pindah. Pas tekan SPBU Ovis madan bungah, nggone sepi. Jebule bensin wis entong. Padahal pengumuman sekitar jam 21. 30 wib tapi jam 22.10 wib wis entong. Aku nerusna ngalor. Tekan SPBU Pabuaran , padha baen. Malah lewih parah gole antri. Inyong bingung, arep bali, apa tetep golet bensin. Sidane tetep golet bensin maring SPBU Tanjung sisan ngarah bali. Jane ya madan deg-degan, mbok bensine sat neng ndalan. Barang tekan nggone, sepi. Aja-aja wis entong. Aku mlebu bae, jebul esih ana. Bungah pisan inyong. Tek takoni petugase,"sepi bae apa mas?", "Iya, kawit mau ya kaya kiye". OOooo. liyane be antri deneng ngkene malah sepi, tapi mung mbatin. Wis olih bensin inyong gagean bali ora klalen mampir warnet. Nulis crita.

Thursday, April 10, 2008

Nonton Brita artis 3

Cengar : “Kang, inyong esih duwe brita artis maning.”

Cengir : ”Akeh temen?!”

Cengar : ”Genah iya koh. Kiye lewih HOT maning.”

Cengir : ”Lewih HOT! Luar biasa. Apa kuwe?”

Cengar : ”Kiye critane ana artis foto-foto, wuda blejed, neng pinggir segara karo wong lanang.”

Cengir : ”Karo bojone ndean? Kuwe ya ora papa.”

Cengar : ”Ora ngerti kuwe. Barang de takoni neng wartawan artise semaur – Lho, untuk menjalin hubungan itu tidak perlu menikah. Bahkan untuk punya anak juga tidak perlu menikah. – Priwe Jajal kang?”

Cengir : ”Ya bener kuwe.”

Cengar : ”Lo lo lo.. Deneng bener!?”

Cengir : “Deleng bae wedhus. Ora pengantenan ya meteng. Ko tau, weruh wedhus jejer? Koe tau, kepethuk pengulu wedhus?”

Cengar : ” Ooo....wedhus!! Kiye menungsa koh.”

Nonton Brita artis 2

Cengar : “Kang, aku mau nonton TV, britane maen pisan.”

Cengir : ”Lah, nonton TV be pamer. Aben dina ya inyong nonton TV.”

Cengar : ”Kiye beda kang.”

Cengir : ”Beda kepriwe Ceng?”

Cengar : ”Lho, deneng Ceng?”

Cengir : ” Mbok jenengmu Cengar.”

Cengar : ”Aja Ceng si ngapa? Mbok ngarepe ditambah-tambaih.”

Cengir : ”Ya wis. Kuwe mau britane apa?”

Cengar : ”Kiye britane, ana foto-foto artis sing klambine ora pepek, malah ana sing ora klamben.”

Cengir : “Tapi disensor mbok?”

Cengar : “Ya iya. Seneng temen inyong.”

Cengir : “Trus..”

Cengar : “Dhasar bocaeh kinyis, awake putih, jan maen pisan.”

Cengir : “Asem. Inyong ora nonton.”

Cengar : “He..he..kawus. Kiye kaya kiye kang. Barang ditakoni karo wartawan, bocaeh semaur nek foto-foto kuwe dudu koleksine dhewek, tapi duweke PH. PH si apa kang?

Cengir : “PH? Mbuh kuwe. Angger sing ngarepe B.., la inyong ngerti.”

Cengar : ”Nggone wong mburi ya kang?”

Cengir : ”Iya...he.... Terus ngapa karo brita mau?”

Cengar : ”Ooo dadi nek difoto neng PH ora papa ya kang, senajan klambine ora pepek?”

Cengir : ”Kayane ora papa. Wong Dage kiye be tek PH ora papa.”

Cengar : ”Lo..deneng Dage de PH.”

Cengir : ”Iya...Pangan Hinyong. He..he...”

Cengar : ”Semprul.”

Nonton Brita artis 1

Cengar karo cengir lagi dopokan

Cengar : “Kang, aku mau bar nonton britane isine foto-foto artis sing klambine ora pepek”.

Cengir : “Masa! Di sensor ra?”

Cengar : “Seh..seh.. ya ora ya!”

Cengir : “Hah!? Brarti gambare ngegla ya? Rika mesthi bungah.”

Cengar : “Ngegla priwe? Wong gambare di burengi, ora genah koh!”

Cengir : “Lah kuwe sing jenenge disensor.”

Cengar : ”Oooh...Sensor. Krunguku mau Disenso (grajih).”

Cengir : ”Hooo, kuping ruag.”

Sunday, April 6, 2008

Acara HUT kab. Banyumas

Pada hari minggu kuturut.. eh maap, pada hari minggu tanggal 6 April 2008, kab. Banyumas merayakan hari jadinya yang 426. Acara perayaan sudah mulai dilaksanakan pada hari minggu tanggal 30 Maret 2008, dengan diadakannya pawai budaya. Pawai budaya ini menampilkan berbagai kebudayaan yang ada di daerah kab. Banyumas. Tapi sayang, saya hanya sempat menyaksikan sedikit, yaitu pada bagia terakhir.
Lalu pada tanggal 5 April, Hari sabtu, menyaksikan kirab pusaka kab. Banyumas sebagai rangakain acara HUT kab. Banyumas. Kirab yang diawali dengan iringan drum band yang dipimpin oleh pengendara kuda, lalu diikuti oelh pembawa logo kab. Banyumas yang dipikul oleh empat orang. Tidak lupa, tokoh Bawor sebagai maskot Kab. Banyumas berada di depan. Setelah logo kab. Banyumas, selanjutnya giliran benda pusaka yang dimiliki kab. Banyumas, yaitu Tombak Kiai Genjring, Keris Kiai Nalapraja, Keris Kiai Gajah Endro, dan Kitab Stambul (www.banyumas.go.id). Setelah itu, kalau tidak salah - "priwe lah, ora PD temen" - "madan kelalen koh", Kakang-Mbekayu banyumas berada dibelakang empat pusaka. Setelah itu, diteruskan dengan barisan pembawa nama-nama Bupati kab. Banyumas terdahulu. Lalu diikuti oleh peserta dari pemda dan instansi-instansi yang ada di kab. Banyumas dan peserta yang lain.
Gambar- gambar acara dapat dilihat di alredi.multiply.com

Selamat HUT kab. BANYUMAS

pinggirkali.blogspot.com mengucapkan,
SELAMAT HUT KAB. BANYUMAS
YANG KE 426.

Tuesday, February 12, 2008

Hasil sementara Pilkada

Hasil sementara perolehan suara pilkada Kabupaten Banyumas, di peroleh dari
Paslon nomor urut 1 sebanyak 287.048 suara (36.61%) , Paslon nomor urut 2 sebanyak 185.104 suara (23.61%), Paslon nomor urut 3 sebanyak 224.020 suara (28.57%) , Paslon nomor urut 4 sebanyak 87.928 suara (11.21%). Total suara sah: 784.100.

Pilkada Bupati 2008

Dina wingi, tanggal 10 Februari 2008 Kabupaten Banyumas lagi milih pemimpin anyar alias lagi pilkada. Aku sing termasuk warga Banyumas ya melu partisipasi, melu nyoblos calon bupati lan wakile (gambare lo, dudu wonge he..he..) – Angger wonge sing dicoblos ya kena kasus rika kang – Ngertilah, ra usah diomongi ya paham. Rewel! – Di wei ngerti ko malah mededeng, sing aso kang – Kowe meneng ya aja ngrusuih! Wektu coblosan wis liwat, gari ngetung hasile. TPS dadi tambah rame, mergane warga sekitar pengin nonton penghitungan suara. Moga – moga bae Bupati lan Wakil Bupati sing kepilih bisa ndadekna Banyumas lewih maju, lewih kepenak lan tentram – Amin – Nah kaya kuwe. Seliyane kuwe wargane padha ora nganggur – Kaya rika kang nganggur baen – Brisik, aja ngomong – ngomong. Semen sisan lambene – Lho, mbok kuwe nyata kang, deneng kesuh – Lah, kakean oni kowe. Bagi Bupati yang terpilih semoga dapat menjalankan tugas dengan sebaik – baiknya. AMIN.

Sunday, February 3, 2008

Nggoleti bendungan 1

Dina setu wingi iyong di jeki neng kancane lunga. Kancaku di wei tuga sneng dosenne kon nginventaris bendungan irigasi sing ana neng tlatah kec. Banyumas. Itung-itung karo mlaku-mlaku inyong gelem bae.
Pertama, nggolet informasi panggonan bendungane nang kantor kecamatan. Sekang kecamatan olih informasi sekitar pitu apa wolu desa nyong madan klalen. Kelorone, nyong karo kancaku maring desa pertama ya kuwe Danaraja. Neng bale desa Danaraja kancaku takon lokasi bendungan. Eehh.., pas lagi takon malah di suguh bakso. Jan beneran pisan, madan isin tek sikat bae baksone - Isin deneng di pangan bae kang - Ya ben, eman2 koh. Matur nuwun kagem pak lurah lan sedoyo staff kantor bale desa.
Terus kancaku karo salah siji staff niliki lokasi bendungan. Sewise niliki lokasi, aku karo kancaku nerusna maring desa liyane. Neng desa keloro kiye (duh klalen desa apa), jebul bendungane neng pinggir dalan dadi ora usah maring bale desane. Pas lagi ndeleng2 bendungan, ana rombongan bocah cilik sekitar enem jumlaeh. Kira2 ya nembe kelas teluan. Neng kancaku ditakoni. "Padha sekang ngendi kiye?" Ana sing njawab, "Jalan2 mas." Pas kuwe kancaku lagi udud, jan ora ngira bocah2 kuwe padha njaluk udud. "Mas2 rokoke lah." Jan mengen temenan inyong. Bocah esih sekutil njaluki rokok. "Ora!" jawabku, terus bocah2 kuwe njaluk dhuwit sewu. Ora tek wei, mbok nggo tuku udud. Terus aku lan kancaku nerusna nggolet bendunan nang desa liya. Priwe critane? kapan kapan bae yaaaa........

Tuesday, January 29, 2008

Cepat berlalu ..................

Deneng wis tanggal sangalikur ya??? Jebul wis suwe nyong ora muncul. Taun 2008 keliwat sangalikur dina, rasane nembe wingi koh ijig2 wis arep ganti wulan - Aja turu bae ya kang? - Hey, sapa si ko? Angger nyong nulis neng kene mesthiii nongol, mesthiiii nyauri. Wong gemblung apa ko?!! - Aja ngegas (niru omongan siaran radio) lambene kang, dari padha dhewekan mbokan lewih enak di batiri? - Lah Ora! Lewih enak nganggo grameh bakar dari padha de batiri rika - Lambene lha - Meneng koe, slomod sisan dengkule.
Lah dadi kelalen arep ngapa kiye la. Gara2 wong ora nggenah liwat si la. Ya wis dhipit (maning2 tiru siaran radio) la ya. Kapan2 de lanjut maning, Okehhh! - Bebeh lah, langka wedange - Ngoceh maning, jejeli sandal lo - Heee ora bisa, kiye sandale tek jimot - Oooo kethek ya! Balekna sandalkuuu....... Ng*b!!!!!