Thursday, April 10, 2008

Nonton Brita artis 3

Cengar : “Kang, inyong esih duwe brita artis maning.”

Cengir : ”Akeh temen?!”

Cengar : ”Genah iya koh. Kiye lewih HOT maning.”

Cengir : ”Lewih HOT! Luar biasa. Apa kuwe?”

Cengar : ”Kiye critane ana artis foto-foto, wuda blejed, neng pinggir segara karo wong lanang.”

Cengir : ”Karo bojone ndean? Kuwe ya ora papa.”

Cengar : ”Ora ngerti kuwe. Barang de takoni neng wartawan artise semaur – Lho, untuk menjalin hubungan itu tidak perlu menikah. Bahkan untuk punya anak juga tidak perlu menikah. – Priwe Jajal kang?”

Cengir : ”Ya bener kuwe.”

Cengar : ”Lo lo lo.. Deneng bener!?”

Cengir : “Deleng bae wedhus. Ora pengantenan ya meteng. Ko tau, weruh wedhus jejer? Koe tau, kepethuk pengulu wedhus?”

Cengar : ” Ooo....wedhus!! Kiye menungsa koh.”

No comments: