Cengar : “Kang, aku mau nonton TV, britane maen pisan.”
Cengir : ”Lah, nonton TV be pamer. Aben dina ya inyong nonton TV.”
Cengar : ”Kiye beda kang.”
Cengir : ”Beda kepriwe Ceng?”
Cengar : ”Lho, deneng Ceng?”
Cengir : ” Mbok jenengmu Cengar.”
Cengar : ”Aja Ceng si ngapa? Mbok ngarepe ditambah-tambaih.”
Cengir : ”Ya wis. Kuwe mau britane apa?”
Cengar : ”Kiye britane, ana foto-foto artis sing klambine ora pepek, malah ana sing ora klamben.”
Cengir : “Tapi disensor mbok?”
Cengar : “Ya iya. Seneng temen inyong.”
Cengir : “Trus..”
Cengar : “Dhasar bocaeh kinyis, awake putih, jan maen pisan.”
Cengir : “Asem. Inyong ora nonton.”
Cengar : “He..he..kawus. Kiye kaya kiye kang. Barang ditakoni karo wartawan, bocaeh semaur nek foto-foto kuwe dudu koleksine dhewek, tapi duweke PH. PH si apa kang?
Cengir : “PH? Mbuh kuwe. Angger sing ngarepe B.., la inyong ngerti.”
Cengar : ”Nggone wong mburi ya kang?”
Cengir : ”Iya...he.... Terus ngapa karo brita mau?”
Cengar : ”Ooo dadi nek difoto neng PH ora papa ya kang, senajan klambine ora pepek?”
Cengir : ”Kayane ora papa. Wong Dage kiye be tek PH ora papa.”
Cengar : ”Lo..deneng Dage de PH.”
Cengir : ”Iya...Pangan Hinyong. He..he...”
Cengar : ”Semprul.”

No comments:
Post a Comment