Sunday, February 3, 2008

Nggoleti bendungan 1

Dina setu wingi iyong di jeki neng kancane lunga. Kancaku di wei tuga sneng dosenne kon nginventaris bendungan irigasi sing ana neng tlatah kec. Banyumas. Itung-itung karo mlaku-mlaku inyong gelem bae.
Pertama, nggolet informasi panggonan bendungane nang kantor kecamatan. Sekang kecamatan olih informasi sekitar pitu apa wolu desa nyong madan klalen. Kelorone, nyong karo kancaku maring desa pertama ya kuwe Danaraja. Neng bale desa Danaraja kancaku takon lokasi bendungan. Eehh.., pas lagi takon malah di suguh bakso. Jan beneran pisan, madan isin tek sikat bae baksone - Isin deneng di pangan bae kang - Ya ben, eman2 koh. Matur nuwun kagem pak lurah lan sedoyo staff kantor bale desa.
Terus kancaku karo salah siji staff niliki lokasi bendungan. Sewise niliki lokasi, aku karo kancaku nerusna maring desa liyane. Neng desa keloro kiye (duh klalen desa apa), jebul bendungane neng pinggir dalan dadi ora usah maring bale desane. Pas lagi ndeleng2 bendungan, ana rombongan bocah cilik sekitar enem jumlaeh. Kira2 ya nembe kelas teluan. Neng kancaku ditakoni. "Padha sekang ngendi kiye?" Ana sing njawab, "Jalan2 mas." Pas kuwe kancaku lagi udud, jan ora ngira bocah2 kuwe padha njaluk udud. "Mas2 rokoke lah." Jan mengen temenan inyong. Bocah esih sekutil njaluki rokok. "Ora!" jawabku, terus bocah2 kuwe njaluk dhuwit sewu. Ora tek wei, mbok nggo tuku udud. Terus aku lan kancaku nerusna nggolet bendunan nang desa liya. Priwe critane? kapan kapan bae yaaaa........

No comments: