MBOJO KARO BOCAH
Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng pos ronda.
Sentlap :” Kang, pirang dina kiye, rika nonton TV ra?
Sentlup :” Seh..seh. YA nonton ya. Duwe TV koh. Ngece apa?
Sentlap :”Ora kaya kuwe kang. Rika nonton brita sing isine ana uwong ngrabi bocah umur rolas taun?
Sentlup :”Lha iya kuwe. Jan ana ana bae ya kang, bocah umur rolas taun koh dibojo, kuwe nglanggar undang undang perlindungan anak mbok?
Sentlap :”A la la, nyong tah ora tekan karo masalah undang undang sing kaya kuwe.
Sentlup :” Ooo… wong kurang pendidikan rika.
Sentlap :”Dhasare iya. Tapi sing tek pikirna nek bocah kuwe duwe anak.
Sentlup :” Ngapa mikir, wong duwe bojo terus manak ya wajar.
Sentlap :”Kaya kiye kang. Misal, anake nangis kepengin nyusu, biyune langka. Barang degoleti, jebul biyunge lagi dolanan sempringkongan utawa dus dusan neng kali, priwe kuwe hi hi hi
Sentlup :”Iya.. ya.. Apa maning nek lagi jonjang umpet. Lewih angel gole nggoleti. Ha ha ha

No comments:
Post a Comment