Sunday, June 23, 2013

I want to know what love is (kaya judul lagu ya ...)

Cinta ....
Cinta itu jelas, sejelas kita melihat awan
Terlihat indah ketika berteman dengan matahari sore
terasa hangat namun sejuk dalam pandangan
Terkadang
Terlihat merisaukan ketika bergelayut mendung
Meski diterangi dan dihiasi kilat, namun terasa memedihkan mata
Sukar diukur dan dapat menitikan air

(by Dui Marr)
mudah-mudahn ga copas :)

Wednesday, May 15, 2013

BISNIS TANPA MODAL


klik banner untuk mendaftar

Bisnis lokal yang paling BOOMING:
Terbukti, hanya dlm waktu 98 hari, member telah lebih dari 87.012 orang

Dahsyat!!
- Mempunyai 2 sistem utama: Plan GRATIS & Plan INVESTASI
- Withdrawal bisa ke LR, Bank Lokal, dan Pulsa
- Web semakin AMAN dengan HTTPS/SSL 256 bit
- Komunikasi langsung dgn Admin via SMS/Call/FB
- Invest minimal $0.5 via LR, PM, EgoPay, Payza, & Bank Lokal
- Profit 2% x 100 hari + Profit extra
- Compound minimal $0.5
- WD INSTANT ke LR minimal $0.05 (cuma butuh waktu 3 detik)
- WD ke Bank Lokal minimal $2 (kurs $1 = Rp 9.700)
- WD dgn Pulsa HP dengan harga dibawah standar pasar
- Tersedia fitur IBC MOBILE, website versi HP

atau klik disini untuk daftar >> https://indoboclub.com/?ref=litelkuri

add me : http://www.facebook.com/samma.sadja

Sunday, November 2, 2008

LAGU DANGDUT

LAGU DANGDUT

Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng brug.

Sentlap :”Kang, inyong arep ngomong serius karo rika.”

Sentlup :”Serius ya serius. Tapi raine aja medeni lah.”

Sentlap :”Digilmu! Wong raiku wis kaya kiye wit lair koh.”

Sentlup :”He he. Ya ngapura kang. Arep crita serius apa nggannen?”

Sentlap :”Ora dhing. Inyong mung arep takon karo rika. Rika apal judul lagu lagu dangdut?”

Sentlup :”Ngece ya. Arep njaluk pirang judul? Pengamat dangdut koh ditakoni kaya kuwe.”

Sentlap :”Uwis… Ngerti apa ora?!

Sentlup :”Ho..ho.. Sepiring berdua…(terus si Sentlup nyebut judul lagu dangdut nganti pirang pirang).

Sentlap :”Weh..weh.. ampuh rika apal pirang pirang judul. Tapi kuwe kabeh mau, lagu dangdut sing tenar wektu rika esih enom. Jajal lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Ha..ha..ha… Sing lawas be emut, apa maning sing anyar. Kiyeh…mmmm eeeeeengng…”

Sentlap :”Au au, apa koh?!

Sentlup :”Eeengng… mmmmm….. KARMILA!”

Sentlap :”Karmila? Kuwe tuli lagu pop.”

Sentlup :”Engng… mmmm… KETAHUAN!”

Sentlap :”Kuwe duweke Matta band. Matamu!

Sentlup :”Helo dangdut!

Sentlap :” Sing jaman siki koh!!

Sentlup :” Apa ya….? Padahal artis dangdut akeh koh ya? Tapi lagune apa ya??”

Sentlap :”Jere Pengamat Dangdut? Malah mung au au thok. Lha rika ngerti nek artis dangdut akeh sekang endi?

Sentlup :” Soale aku tau nonton TV. Isine, nek goyangan karo anggon anggon artis dangdut kuwe terlalu seksi, kuwe diprotes uwong kang. Banjuran, artis artis dangdut akeh sing ora trima, jere nek goyangan lan kostum kuwe ciri khas lan kebebasan berekspresi nyanyi dangdut. Angger debatesi jerene membatasi kreativitas lan kebebasan berekspresi.”

Sentlap :”Wuih.. Omonganmu kaya pengamat temenan. Lha angger artise akeh, jajal disebutna judul lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Duh jan, angel kang. Artise tah akeh, tapi lagune apa ya..???????????????????

Wednesday, October 29, 2008

MBOJO KARO BOCAH

MBOJO KARO BOCAH

Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng pos ronda.

Sentlap :” Kang, pirang dina kiye, rika nonton TV ra?

Sentlup :” Seh..seh. YA nonton ya. Duwe TV koh. Ngece apa?

Sentlap :”Ora kaya kuwe kang. Rika nonton brita sing isine ana uwong ngrabi bocah umur rolas taun?

Sentlup :”Lha iya kuwe. Jan ana ana bae ya kang, bocah umur rolas taun koh dibojo, kuwe nglanggar undang undang perlindungan anak mbok?

Sentlap :”A la la, nyong tah ora tekan karo masalah undang undang sing kaya kuwe.

Sentlup :” Ooo… wong kurang pendidikan rika.

Sentlap :”Dhasare iya. Tapi sing tek pikirna nek bocah kuwe duwe anak.

Sentlup :” Ngapa mikir, wong duwe bojo terus manak ya wajar.

Sentlap :”Kaya kiye kang. Misal, anake nangis kepengin nyusu, biyune langka. Barang degoleti, jebul biyunge lagi dolanan sempringkongan utawa dus dusan neng kali, priwe kuwe hi hi hi

Sentlup :”Iya.. ya.. Apa maning nek lagi jonjang umpet. Lewih angel gole nggoleti. Ha ha ha

Friday, May 23, 2008

Antri Bensin

Barang krungu pak mentri ngumumna rega BBM arep mundhak, inyong sante bae. Arep ora melu anti bensin. Barang inyong emut nek bensin neng motor gari semendhing, langsung gregah-gregah menyat tuku bensin. Barang tekan POM bensin terminal lawas, jebul antrian wis dawa. Inyong pindah. Pas tekan SPBU Ovis madan bungah, nggone sepi. Jebule bensin wis entong. Padahal pengumuman sekitar jam 21. 30 wib tapi jam 22.10 wib wis entong. Aku nerusna ngalor. Tekan SPBU Pabuaran , padha baen. Malah lewih parah gole antri. Inyong bingung, arep bali, apa tetep golet bensin. Sidane tetep golet bensin maring SPBU Tanjung sisan ngarah bali. Jane ya madan deg-degan, mbok bensine sat neng ndalan. Barang tekan nggone, sepi. Aja-aja wis entong. Aku mlebu bae, jebul esih ana. Bungah pisan inyong. Tek takoni petugase,"sepi bae apa mas?", "Iya, kawit mau ya kaya kiye". OOooo. liyane be antri deneng ngkene malah sepi, tapi mung mbatin. Wis olih bensin inyong gagean bali ora klalen mampir warnet. Nulis crita.

Thursday, April 10, 2008

Nonton Brita artis 3

Cengar : “Kang, inyong esih duwe brita artis maning.”

Cengir : ”Akeh temen?!”

Cengar : ”Genah iya koh. Kiye lewih HOT maning.”

Cengir : ”Lewih HOT! Luar biasa. Apa kuwe?”

Cengar : ”Kiye critane ana artis foto-foto, wuda blejed, neng pinggir segara karo wong lanang.”

Cengir : ”Karo bojone ndean? Kuwe ya ora papa.”

Cengar : ”Ora ngerti kuwe. Barang de takoni neng wartawan artise semaur – Lho, untuk menjalin hubungan itu tidak perlu menikah. Bahkan untuk punya anak juga tidak perlu menikah. – Priwe Jajal kang?”

Cengir : ”Ya bener kuwe.”

Cengar : ”Lo lo lo.. Deneng bener!?”

Cengir : “Deleng bae wedhus. Ora pengantenan ya meteng. Ko tau, weruh wedhus jejer? Koe tau, kepethuk pengulu wedhus?”

Cengar : ” Ooo....wedhus!! Kiye menungsa koh.”

Nonton Brita artis 2

Cengar : “Kang, aku mau nonton TV, britane maen pisan.”

Cengir : ”Lah, nonton TV be pamer. Aben dina ya inyong nonton TV.”

Cengar : ”Kiye beda kang.”

Cengir : ”Beda kepriwe Ceng?”

Cengar : ”Lho, deneng Ceng?”

Cengir : ” Mbok jenengmu Cengar.”

Cengar : ”Aja Ceng si ngapa? Mbok ngarepe ditambah-tambaih.”

Cengir : ”Ya wis. Kuwe mau britane apa?”

Cengar : ”Kiye britane, ana foto-foto artis sing klambine ora pepek, malah ana sing ora klamben.”

Cengir : “Tapi disensor mbok?”

Cengar : “Ya iya. Seneng temen inyong.”

Cengir : “Trus..”

Cengar : “Dhasar bocaeh kinyis, awake putih, jan maen pisan.”

Cengir : “Asem. Inyong ora nonton.”

Cengar : “He..he..kawus. Kiye kaya kiye kang. Barang ditakoni karo wartawan, bocaeh semaur nek foto-foto kuwe dudu koleksine dhewek, tapi duweke PH. PH si apa kang?

Cengir : “PH? Mbuh kuwe. Angger sing ngarepe B.., la inyong ngerti.”

Cengar : ”Nggone wong mburi ya kang?”

Cengir : ”Iya...he.... Terus ngapa karo brita mau?”

Cengar : ”Ooo dadi nek difoto neng PH ora papa ya kang, senajan klambine ora pepek?”

Cengir : ”Kayane ora papa. Wong Dage kiye be tek PH ora papa.”

Cengar : ”Lo..deneng Dage de PH.”

Cengir : ”Iya...Pangan Hinyong. He..he...”

Cengar : ”Semprul.”