Sunday, December 30, 2007

SELAMAT TAHUN BARU 2008

Sedela maning arep ganti taun. Ora krasa wektu rasane cepeeeet pisan. Ujarku nembe wingi lulusan, tut siji kancaku wis pada mbojo. "Lha koe kapan kang?" - "Rewel lah, meneng bae si ngapa. Dadi kemutan karo sing uwis - uwis." - "Emange ndhisit wis arep mbojo ya kang?" - "ya ora ...." - "Anu ora, deneng kemutan sing ganu?" - "Ya ben ... jenenge bae si mung mbayangna." - "Hoooo, mung mbayangna be di omong-omongna!" - "Menenglah! Cangkeme wegig bae."
Kurang rong dina maning wis ganti taun. Arep ngapa ya?
Kodean ora nggenah, mbojo durung ana calone.... "Ha..ha..ha melas temen rika. Curhat apa kiye, curhat. Langka sing melas maring rika kang." - "Ngomong maning kiye bocah, kon meneng koh angel temen. Taboki cangkeme sisan."
Ya wis ora papa. Ngresula ya ora apik.
SELAMAT TAHUN BARU 2008
SEMOGA MENJADI TAHUN YANG LEBIH BAIK

Monday, November 5, 2007

DOPOKAN

Cengar: 'Ngir padha bedhean yuh!'
Cengir: 'Mayuh.'
Cengar: 'Kiyeh takonane. Priwe carane nglebokna gajah maring kulkas?'
Cengir: 'Ha..ha..kuwe si bedhean kuno. Lawas! Carane kulkase dibukak, gajaeh lebokna, lawange tutup. Jebred! Rampung.'
Cengar: 'Wess..cerdas rika.'
Cengir: 'Wis mesthi!'
Cengar: 'Nek cerdhas temenan, inyong arep takon maning.'
Cengir: 'Boleh...'
Cengar: 'Gayamu...Kowe ngerti Tarsan mbok?'
Cengir: "Nggih ngertos. Raja kewan mbok?'
Cengar: 'Betul. Critane Tarsan arep rapat karo kanca kewan se alas...'
Cengir: 'Rapat, kaya panitia bae.'
Cengar: 'Wis meneng rungokna dhisit. Pas wektune rapat Tarsan mberek...'
Cengir: 'Ha..ha.. mberek kaya lutung.'
Cengar: 'Rewel. meneng lha. Tarsan mberek nggo ngundang bala kewane. AAUUOoooo....Terus balane padha teka. Barang dietung kurang siji. Sapa jajal?'
Cengir: 'Sapa ya...Uler! Uler kan mlakune londhog.'
Cengar: Dudu...'
Cengir: 'Tuma!'
Cengar: 'Salah. Tumane neng rambute Tarsan.'
Cengir: 'Enthung!'
Cengar: 'Sanes.'
Cengir: 'Salah bae. Terus apa?'
Cengar: 'Sing bener GAJAH.'
Cengir: 'Lho ko' bisa.'
Cengar: 'Saged mawon. Wong Gajaeh kecemped kulkas.'
Cengir: ' Asem! Siki gentenan inyong'
Cengar: 'Monggo...'
Cengir: 'Ana bocah ngundha layangan...'
Cengar: 'Lanang apa wadon?'
Cengir: 'Laa..ra sah dibahas. Anggep bae lanang.'
Cengar: 'Ya wis. Terus?'
Cengir: 'Ijig-ijig layangane pedhot. Tiba maring kebon alang-alang tur dhuwur-dhuwur. Kebon kuwe kondhang karo nggon ula sing ganas, beracun pokoke medeni.'
Cengar: 'Jalmo moro jalmo mati?'
Cengir: 'Ndean kaya kuwe. Tapi bocah kuwe ora ngerti, dheweke ngambah jleg-jleg njikot layangane terus bali, slamet waras ora ana apa-apa. Apa sebabe?'
Cengar: 'Apa ya...? Ndean ulane gumun karo layangane?'
Cengir: 'Angger kowe la gumunan. Salah!'
Cengar: 'Ulane lagi padha turu!'
Cengir: 'Mboten!'
Cengar: 'Terus Apa..?'
Cengir: 'Soale ulane lagi rapat karo Tarsan! Ha...ha...'
Cengar: 'Hooooo bedhean ko nunut soal.'

Saturday, November 3, 2007

Udanne Dhur-dhuran

Atis temen kiye la. Wis rong dina stugel srengengene ora ngaton. Ditambah udan dhur-dhuran ora leren-lerennambah awak dadi adhem. Kawit dina kemis sore wingi, udane gemrejeg ngawan mbengi. Saking suwene gole udan nganti pemeane ora garing-garing malah siki dadi apek - kaya rika sing ora tau adus ya kang - Ssstt aja ngomong sing temenan.
Sing merekna dheg-dhegan tuli kondhisi mburi umahku - ana apa si kang - Soale kaya kiye. Mburi umahku kuwe tuli pereng sing ana kaline. Ganu tah jarak umah tekan lambe pereng lumayan adoh, ana rong meteran lewih. Tapi selet suwe koh tambah perek, siki malah wis meh tekan pondasi. Angger ngalami udan dhur-dhuran kaya kiye, inyong wedi nek perenge ambrol utawa longsor. Lemah sing amoh mung 'dicekeli' oyod pring ples kali sing banjir merekna pereng gampang ambrol.

Moga-moga bae pereng sing siki esih kuat nahan udan karo banyu kali sing banter.


Tuesday, October 30, 2007

Udanne Teka

Udane wis teka maning, wektune dhewek pada siap - siap ngadhepi mangsan udan. Angger mangsan udan biasane ora adoh karo banyu, dadi aja kelalen resik - resik latar sekitare. Sing duwe, utawa keliwatan solokan, aja isin - isin mbuang sampah sing merekna solokan dadi mampet. Kaleng - kaleng utawa wadhah bekas sing bisa nampung banyu dikurebna utawa lewih apike dikubur. Tuli mendhing angger solokan lancar, kaleng - kaleng resik, lingkungan dadi sumringah. Banyu ora ngecembong, lemude ora ngang - nging.
Seliyane kuwe sing umaeh nengisor papringan - "kaya kowe ya kang" - aja klalen godhong pring sing nang payon dibuang. soale pengalamane inyong dhewek, angger mangsan terang godhong pringe padha rogol, barang ketekan mangsan udan gendhenge padha bocor mergane godhong pringe padha pating tlesep neng gendheng.
Sing lungane numpak montor, aja klalen mantel/ jas udane ditiliki, padha bolong apa ora, esih teyeng dienggo ora. Payung - payung dibersiih angger dienggo dadi katon kinyis.
Ora kalah penting kesehatan. Awak dijaga sing bener. BIasane nek bola - bali kudanen awak bisa mriang. Angger numpak motor ya aja banter - banter, dalane angger kena udan dadi lunyu. Mbok keplarak.


Sunday, October 28, 2007

Yaaa.... Kalah...

Priwe arep juara kiye nek kalah maning. Wis unggul sit 1 - 0, malah kalah 3 -1. Ora sida bungah. Inyong gagean maring warnet pengin ndeleng hasil bal - balan Napoli lawan JUVENTUS, moga - moga bae JUVE menang eeeeh... barang tek bukak www.livescore.com jebul kalah. 3 - 1 maning! Nek kaya kiye tah angel gole JUVENTUS olih gelar Scudetto musim sekiye. Tapi aja nglokro, tetep semangat nguber gelar juara. HIDUP JUVENTUS.

Monday, October 22, 2007

BAL - BALAN

LIVERPOOL 2 Everton 1
JUVENTUS 1 Genoa 0

Friday, October 12, 2007

SELAMAT HARI RAYA IDUL FITRI 1428 H
MINAL 'AIDIN WAL FAIZIN
MOHON MAAF LAHIR DAN BATIN.

Sunday, October 7, 2007

BERGERAK!

Pas lagi nyari website tentang tutorial desain grafis, ga sengaja saya menemukan sebuah blog yang sangat menarik, namanya www.menteridesainindonesia.blogspot.com. Ternyata blog ini tidak hanya berisi tentang desain - desain yang menarik tapi juga ada sebuah keinginan atau sebuah kampanye untuk meningkatkan kualitas negara Indonesia ke arah yang lebih baik.
Keinginan itu bernama program BERGERAK (indonesiabergerak.blogspot.com), program yang berlogo tetesan darah ini(Logo ini melambangkan kita harus bekerja keras sampai titik darah penghabisan..mencari solusi bagaimana merealisasikan tujuan kampanye tersebut.), - maaf, logonya belum saya upload ; ngomong bae anu ora teyeng ; sssttt, aja seru seru nek ngomong, isin tuli - yang antara lain berisi usulan untuk membuat kampanye besar - besaran yang tujuannya agar bangsa kita dicintai oleh rakyatnya..dan bisa menjadi bangsa mandiri.

Maksud dari bangsa mandiri adalah...kita wajib menyediakan kebutuhan negara tanpa harus beli dari negara lain..kalo perlu negara luar yang beli ke kita... sehingga ke depan merekalah yang tergantung dengan kita...

Peralatan senjata jangan beli ke negara lain...bikin sendiri saja, makan tanam sendiri..kalo perlu setiap kelurahan punya sawah sendiri untuk penduduk sekitar...peralatan elektronik bikin sendiri..pokoknya mandiri dehh..

Wahhh Project yang bagus, bagaimana menurut anda ?


Tumben koe nulis sing serius kang ; kiye be mung copy paste ; asem, arep tek alem jere mung copy paste, ya ora sida tek alem.

Saturday, October 6, 2007

WARNET ANYAR

WARNET ANYAR

Jan bungah pisan barang inyong weruh ana warnet anyar de bukak nang cedek umahku. Bungaeh kenangapa? "ya ola pa pa" - priwe si kiye bocah?! Ya kaya kiye, siki inyong ra sah adoh - adoh sekang umah nek arep maring warnet, mung ma' klius wis tekan. Nek ndhisit sedurunge ana warnet anyar nang cedhek umahku, inyong kudu maring daerah unsoed sing kira - kira 10-15 menit adoeh.
Sidane tek tekadi njajal warnet. Kira - kira jam sanga kurang seprapat inyong manteb ("jan gole manteb nganti nganggo 'b'"), barang tekan nggone jebul lagi di uthak athik durung konek (connect, maksude). Inyong kon teka sedela maning, banjur inyong bali. Jam setengah 10 inyong mangkat maning, bener bae sekiye wis bisa di enggo. Barang wis ngadepi komputer inyong madan clala - clili soale Operating System ( gayane basa inggrisan) sing di enggo linux. Madan gragap - gragap (wis kadhung mlebu) tek jajal sekenane. Jebul ora patia beda karo windows.
Barang wis madan ngerti inyong arep njajal Yahoo Messenger, maning - maning inyong clala - clili jebul ya YM nang windows karo nang Linux beda adoh. Tek gramak - gramak YM-e inyong madan mudheng. Gari njajal mlebu room nganti seprene durung bisa bae.

Saturday, September 8, 2007

wis suwe inyong ora nongol. siki jajal nongol maning.

Monday, July 23, 2007

Wis seminggu lewih kayane apa ya? cah sekolah mulai pada mlebu maning. Dalan -dalan dadi rame maning sewise preian dawa kelulusan. Barang bocah sekolah pada mlebu maning ana persamaan ben bocah sekolah, utamane siswa anyar. Aben mangkat nganggone nek ora nganggo tas plastik nggo wadah buku sing wadon mesthi rambute di kucir nganggo tali rafia. Ujarku awit gemiyen ko kaya kuwe terus, langka perubahan. Jaman ku sekolah ndhisit ya kaya kuwe. Angkatan sedurungku ya kaya kuwe. nganti siki teteeeeeppp bae kaya kuwe.
Kreatip sitihik si ngapa??? gawe program sing maen tur edukatip (apaaa kuwe edukatip) tur murah si ngapa. Warang wurung gole nggawe perlengkapan ngetokna biaya maning, tur kadang aneh - aneh angel goletane, soten ora migunani. Soale nek maca neng koran (gayane maca, abc be ora bisa ko), tapi mung judule thok :), akeh wong tua sing krasa kabotan nggo ngragadi perlengkapan MOS (iya apa ya, jenenge MOS). Soale biaya sekolah bae wis merekna ngos-ngosan gole koreh. Ko ditambah biaya macem - macem. KLILAN

Wednesday, July 18, 2007

Usai sudah perjuangan timnas senior Indonesia di pentas Piala Asia 2007 setelah dikalahkan Korea Selatan pada pertandingan terakhir group D. Indonesia harus menyerah dengan skor 1-0 untuk Korsel. Permainan pendek-cepat yang diperagakan Indonesia ketika melawan Bahrain dan Saudi Arabia tidak terlihat pada pertandingan melawan Korsel. Selain itu Indonesia juga terlihat kesultan ketika Korsel menerapkan permainan bola-bola atas. Berkali-kali Penjaga gawang Markus Horison harus bersusah payah menahan serangan Korsel.
Pada pertandingan lain Group D, Arab Saudi berhasil menghantam Bahrain dengan skor 4-0. Dengan demikian wakil group D yang melaju ke babak 8 besar adalah Arab Saudi sebagai juara group dengan nilai 7, dan KOrsel sebagai Runner Up group dengan nilai 4.
Penyisihan group telah berakhir dan Indonesia telah terhenti, terus Arep Ngapa Yaaa...???? Sing uwis ya wis, siki gari tata-tata nggo pertandingan sing arep dilakoni.
Ayo INDONESIA !!! masih banyak kesempatan di masa mendatang. Tetap berlatih dan berusaha mengembangkan diri. Kepakan sayap Garuda ditempat yang tertinggi. Amin.

Saturday, July 14, 2007

akhirnyaaa......
setelah beberapa kali log in dan selalu gagal. akhirnya sekarang bisa log in juga. ternyata saya harus mengubah account saya. mulane bola bali njajal mlebu ora teyeng bae. barang siki wis teyeng bungah pisan. terus.... arep ngapa ya ???

Saturday, May 26, 2007

WELCOME BACK TO SERIE A JUVENTUS
Setelah harus bermain di serie B pada musim ini, akhirnya JUVENTUS kembali ke tingkat tertinggi liga Italia Serie A. Bungah pisan inyong. Klub jagoanku bisa bersaing lagi dengan klub-klub besar lainnya di Serie A. Maka dari itu klub-klub Serie A musti waspada bin khawatir dengan datangnya lagi JUVENTUS, sebab JUVENTUS akan menjadi saingan terberat dalam mengejar Scudetto. Terutama untuk Intermilan peraih gelar terbaru, bersiaplah untuk menyaksikan pesta kemenangan JUVENTUS di akhir musim depan.
SELAMAT DATANG KEMBALI DI SERIE A JUVENTUS.
CONGRATULATION.

Thursday, May 24, 2007

FINAL LIGA CHAMPIONS
Waaahh..., akhirnya selesai juag Liga Champions pada musim ini. Semalam, 24/05/27, waktu indonesia barat, final Liga Champins digelar. Akhirnya AC Milan berhasil mengalahkan LIVERPOOL dan memperoleh gelar juara Liga Champions musim ini sekaligus membalas kekalahan mereka pada musim 2005. Pada pertandingan kali ini AC Milan memukul LIVERPOOL dengan skor 2-1 dan striker veteran AC Milan, Filipo Inzaghi, menjadi penentu kemenangan klubnya dengan torehan dua golnya.
Walaupun sedikit kecewa karena klub favorit saya, LIVERPOOL, gagal juara, tetapi saya mengucapkan selamat kepada AC Milan dan seluruh fansnya atas perolehan gelar juara LC musim ini.
Meskipun pada pertandingan final LC berlangsung kurang seru alias sedikit hambar, namun keramaian acara nonton bareng menambah kemeriahan sekaligus penghilang kantuk (thukul bilang "Tombo ngantuk"). Denga layar yang luamayan besar dan bantuan proyektor membuat pertandingan lebih enak ditonton.
Meskipun gagal, tetapi saya tetap mendukung LIVERPOOL. semoga pada musim mendatang LIVERPOOL berhasil merengkuh gelar juara LC dan memenangi EPL yang telah lama "menjauh".
LIVERPOOL, YOU'LL NEVER WALK ALONE LAH POKOKE!!!!!

Sunday, May 20, 2007

Arep ngapa ya..?
Oh iya nonton bola ja kali ya. mumpung bentar lagi ada pertandingan seru. apakah itu? yaaa.. final liga champions eropa. apalagi pada final kali ini mempertemukan klub yang membawa dendam masa lalu. dimana pada musim 2005 AC Milan dikalahkan oleh Liverpool FC, dan gelar juara menjadi milik LIVERPOOL FC melalui adu pinalti. Pada pertemuan kali ini dipastikan Ac Milan akan tampil habis habisan untuk membalas kekalahan mereka sekaligus memperoleh gelar juara pada musim ini. Namun begitu LIVERPOOL tidak akan menyerah begitu saja. Tentu saja gelar liga Champions akan meningkatkan gengsi mereka diantara klub klub besar Eropa sekaligus menambah koleksi gelar juara.
Siapakah yang akan menjadi juara pada final nanti, AC Milan atau LIVERPOOL ? yang pasti pertandingan nanti bakalan seru.
Tapi saya berharap LIVERPOOL bakal menyabet gelar juara dan mengalahkan Milan kedua kalinya . COME ON THE REDS!! YOU'LL NEVER WALK ALONE.

Saturday, May 19, 2007

LIVERPOOL YOU'LL NEVER WALK ALONE
LIVERPOOL atau AC MILAN. Saksikan final liga champions.
6 HARI LAGI MENUJU FINAL LIGA CHAMPION

Thursday, May 17, 2007

ngapura ya. kiye inyong lagi jajalan. durung ngerti ngeblog, dadine sabar bae. ndeyan tah arep tek lengkapi angger gelem, tur angger teyeng.
arep ngapa ya? bingung nemen kiye lah.