Atis temen kiye la. Wis rong dina stugel srengengene ora ngaton. Ditambah udan dhur-dhuran ora leren-lerennambah awak dadi adhem. Kawit dina kemis sore wingi, udane gemrejeg ngawan mbengi. Saking suwene gole udan nganti pemeane ora garing-garing malah siki dadi apek - kaya rika sing ora tau adus ya kang - Ssstt aja ngomong sing temenan.
Sing merekna dheg-dhegan tuli kondhisi mburi umahku - ana apa si kang - Soale kaya kiye. Mburi umahku kuwe tuli pereng sing ana kaline. Ganu tah jarak umah tekan lambe pereng lumayan adoh, ana rong meteran lewih. Tapi selet suwe koh tambah perek, siki malah wis meh tekan pondasi. Angger ngalami udan dhur-dhuran kaya kiye, inyong wedi nek perenge ambrol utawa longsor. Lemah sing amoh mung 'dicekeli' oyod pring ples kali sing banjir merekna pereng gampang ambrol.
Moga-moga bae pereng sing siki esih kuat nahan udan karo banyu kali sing banter.

No comments:
Post a Comment