Saturday, October 6, 2007

WARNET ANYAR

WARNET ANYAR

Jan bungah pisan barang inyong weruh ana warnet anyar de bukak nang cedek umahku. Bungaeh kenangapa? "ya ola pa pa" - priwe si kiye bocah?! Ya kaya kiye, siki inyong ra sah adoh - adoh sekang umah nek arep maring warnet, mung ma' klius wis tekan. Nek ndhisit sedurunge ana warnet anyar nang cedhek umahku, inyong kudu maring daerah unsoed sing kira - kira 10-15 menit adoeh.
Sidane tek tekadi njajal warnet. Kira - kira jam sanga kurang seprapat inyong manteb ("jan gole manteb nganti nganggo 'b'"), barang tekan nggone jebul lagi di uthak athik durung konek (connect, maksude). Inyong kon teka sedela maning, banjur inyong bali. Jam setengah 10 inyong mangkat maning, bener bae sekiye wis bisa di enggo. Barang wis ngadepi komputer inyong madan clala - clili soale Operating System ( gayane basa inggrisan) sing di enggo linux. Madan gragap - gragap (wis kadhung mlebu) tek jajal sekenane. Jebul ora patia beda karo windows.
Barang wis madan ngerti inyong arep njajal Yahoo Messenger, maning - maning inyong clala - clili jebul ya YM nang windows karo nang Linux beda adoh. Tek gramak - gramak YM-e inyong madan mudheng. Gari njajal mlebu room nganti seprene durung bisa bae.

2 comments:

tinfoil said...

Ciri-ciri wong gaptek tapi gengsi, ora gelem takon, ya clila-clili, kaya kethek di tulup, tapi tesih mending gelem njajal, tinimbang anggota DPRD (mbuh nang ngendhi), sing ditakoni, wis nduwe e-mail apa dhurung, njawabe jere imaile wis di dhol ( gusrakkkk....)

Dui Marr said...

wessss, ora ngira ana sing mampir. Jan bungah pisan inyong, matur suwun mas/ mba gelem nglongok. Ya ngapura ya, aku dhewek be jarang mbukak blog ku dadi nembe konangan.