Udane wis teka maning, wektune dhewek pada siap - siap ngadhepi mangsan udan. Angger mangsan udan biasane ora adoh karo banyu, dadi aja kelalen resik - resik latar sekitare. Sing duwe, utawa keliwatan solokan, aja isin - isin mbuang sampah sing merekna solokan dadi mampet. Kaleng - kaleng utawa wadhah bekas sing bisa nampung banyu dikurebna utawa lewih apike dikubur. Tuli mendhing angger solokan lancar, kaleng - kaleng resik, lingkungan dadi sumringah. Banyu ora ngecembong, lemude ora ngang - nging.
Seliyane kuwe sing umaeh nengisor papringan - "kaya kowe ya kang" - aja klalen godhong pring sing nang payon dibuang. soale pengalamane inyong dhewek, angger mangsan terang godhong pringe padha rogol, barang ketekan mangsan udan gendhenge padha bocor mergane godhong pringe padha pating tlesep neng gendheng.
Sing lungane numpak montor, aja klalen mantel/ jas udane ditiliki, padha bolong apa ora, esih teyeng dienggo ora. Payung - payung dibersiih angger dienggo dadi katon kinyis.
Ora kalah penting kesehatan. Awak dijaga sing bener. BIasane nek bola - bali kudanen awak bisa mriang. Angger numpak motor ya aja banter - banter, dalane angger kena udan dadi lunyu. Mbok keplarak.