Sunday, November 2, 2008

LAGU DANGDUT

LAGU DANGDUT

Sentlap karo Sentlup lagi dopokan neng brug.

Sentlap :”Kang, inyong arep ngomong serius karo rika.”

Sentlup :”Serius ya serius. Tapi raine aja medeni lah.”

Sentlap :”Digilmu! Wong raiku wis kaya kiye wit lair koh.”

Sentlup :”He he. Ya ngapura kang. Arep crita serius apa nggannen?”

Sentlap :”Ora dhing. Inyong mung arep takon karo rika. Rika apal judul lagu lagu dangdut?”

Sentlup :”Ngece ya. Arep njaluk pirang judul? Pengamat dangdut koh ditakoni kaya kuwe.”

Sentlap :”Uwis… Ngerti apa ora?!

Sentlup :”Ho..ho.. Sepiring berdua…(terus si Sentlup nyebut judul lagu dangdut nganti pirang pirang).

Sentlap :”Weh..weh.. ampuh rika apal pirang pirang judul. Tapi kuwe kabeh mau, lagu dangdut sing tenar wektu rika esih enom. Jajal lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Ha..ha..ha… Sing lawas be emut, apa maning sing anyar. Kiyeh…mmmm eeeeeengng…”

Sentlap :”Au au, apa koh?!

Sentlup :”Eeengng… mmmmm….. KARMILA!”

Sentlap :”Karmila? Kuwe tuli lagu pop.”

Sentlup :”Engng… mmmm… KETAHUAN!”

Sentlap :”Kuwe duweke Matta band. Matamu!

Sentlup :”Helo dangdut!

Sentlap :” Sing jaman siki koh!!

Sentlup :” Apa ya….? Padahal artis dangdut akeh koh ya? Tapi lagune apa ya??”

Sentlap :”Jere Pengamat Dangdut? Malah mung au au thok. Lha rika ngerti nek artis dangdut akeh sekang endi?

Sentlup :” Soale aku tau nonton TV. Isine, nek goyangan karo anggon anggon artis dangdut kuwe terlalu seksi, kuwe diprotes uwong kang. Banjuran, artis artis dangdut akeh sing ora trima, jere nek goyangan lan kostum kuwe ciri khas lan kebebasan berekspresi nyanyi dangdut. Angger debatesi jerene membatasi kreativitas lan kebebasan berekspresi.”

Sentlap :”Wuih.. Omonganmu kaya pengamat temenan. Lha angger artise akeh, jajal disebutna judul lagu dangdut jaman siki.”

Sentlup :”Duh jan, angel kang. Artise tah akeh, tapi lagune apa ya..???????????????????