Tuesday, January 29, 2008

Cepat berlalu ..................

Deneng wis tanggal sangalikur ya??? Jebul wis suwe nyong ora muncul. Taun 2008 keliwat sangalikur dina, rasane nembe wingi koh ijig2 wis arep ganti wulan - Aja turu bae ya kang? - Hey, sapa si ko? Angger nyong nulis neng kene mesthiii nongol, mesthiiii nyauri. Wong gemblung apa ko?!! - Aja ngegas (niru omongan siaran radio) lambene kang, dari padha dhewekan mbokan lewih enak di batiri? - Lah Ora! Lewih enak nganggo grameh bakar dari padha de batiri rika - Lambene lha - Meneng koe, slomod sisan dengkule.
Lah dadi kelalen arep ngapa kiye la. Gara2 wong ora nggenah liwat si la. Ya wis dhipit (maning2 tiru siaran radio) la ya. Kapan2 de lanjut maning, Okehhh! - Bebeh lah, langka wedange - Ngoceh maning, jejeli sandal lo - Heee ora bisa, kiye sandale tek jimot - Oooo kethek ya! Balekna sandalkuuu....... Ng*b!!!!!