Sunday, December 30, 2007

SELAMAT TAHUN BARU 2008

Sedela maning arep ganti taun. Ora krasa wektu rasane cepeeeet pisan. Ujarku nembe wingi lulusan, tut siji kancaku wis pada mbojo. "Lha koe kapan kang?" - "Rewel lah, meneng bae si ngapa. Dadi kemutan karo sing uwis - uwis." - "Emange ndhisit wis arep mbojo ya kang?" - "ya ora ...." - "Anu ora, deneng kemutan sing ganu?" - "Ya ben ... jenenge bae si mung mbayangna." - "Hoooo, mung mbayangna be di omong-omongna!" - "Menenglah! Cangkeme wegig bae."
Kurang rong dina maning wis ganti taun. Arep ngapa ya?
Kodean ora nggenah, mbojo durung ana calone.... "Ha..ha..ha melas temen rika. Curhat apa kiye, curhat. Langka sing melas maring rika kang." - "Ngomong maning kiye bocah, kon meneng koh angel temen. Taboki cangkeme sisan."
Ya wis ora papa. Ngresula ya ora apik.
SELAMAT TAHUN BARU 2008
SEMOGA MENJADI TAHUN YANG LEBIH BAIK