Wis seminggu lewih kayane apa ya? cah sekolah mulai pada mlebu maning. Dalan -dalan dadi rame maning sewise preian dawa kelulusan. Barang bocah sekolah pada mlebu maning ana persamaan ben bocah sekolah, utamane siswa anyar. Aben mangkat nganggone nek ora nganggo tas plastik nggo wadah buku sing wadon mesthi rambute di kucir nganggo tali rafia. Ujarku awit gemiyen ko kaya kuwe terus, langka perubahan. Jaman ku sekolah ndhisit ya kaya kuwe. Angkatan sedurungku ya kaya kuwe. nganti siki teteeeeeppp bae kaya kuwe.
Kreatip sitihik si ngapa??? gawe program sing maen tur edukatip (apaaa kuwe edukatip) tur murah si ngapa. Warang wurung gole nggawe perlengkapan ngetokna biaya maning, tur kadang aneh - aneh angel goletane, soten ora migunani. Soale nek maca neng koran (gayane maca, abc be ora bisa ko), tapi mung judule thok :), akeh wong tua sing krasa kabotan nggo ngragadi perlengkapan MOS (iya apa ya, jenenge MOS). Soale biaya sekolah bae wis merekna ngos-ngosan gole koreh. Ko ditambah biaya macem - macem. KLILAN